11 December 2009

Pidato Pembawa Acara Tahlilan

Pidato Pembawa Acara Tahlilan dalam Bahasa Jawa

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillah, Alhamdulllahilladzi anzala sakinata fiiqulubil mu'minin liyazdaadu iimanan ma'aa immanihim. Asyhadu anlaa ilaaha ilallaah wahdahu laa syari kalah, wa asyhadu anna muhammadan 'abduhu warosulu la nabiyya ba'dah.

Allohumma sholli 'ala sayyidina Muhammad, wa'ala alihi wasohbihi waman tabi'ahum biihsanin ilaa yaumiddin.

qoolallahu ta'ala fil qur'anil kariim, a'udzubillaahi minashaitonirrojiim, bismillah hirrohmaanirrohiim :



amma ba'du :

almukarrom poro alim, poro kyai, soho poro ustadz,
ingkang kawulo mulya aken poro sepuh pini sepuh,
ingkang kawulo mulya aken poro hadirin sedoyo jamaah tahlil,
wabil khusus shohibul bait, shohibul hajat, Bapak ..........sekeluarga

alhamdulillah, monggo kito aturan puji syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT kanthi ucapan Alhamdulillahirobbil 'aalamiin, ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dumateng kulo panjenengan sedoyo, dene menopo kulo panjenengan sedoyo saget angrawuhi jamaah rutin wonten dalemipun Bapak ...... kanthi kawontenan sehat wal afiat mboten wonten rubedo menopo-menopo, Mugi-mugi kehadiran kulo panjenengan sedoyo estu-estu dicatet kalian Allah SWT dadoso amalan hasanah fiddini waddunya wal aakhirah, Amin 2X

sak lajengipun sholawat lan salam monggo kito aturaken dumateng junjungan kito kanjeng nabi Muhammad SAW, biqouli Allahumma sholli 'alaa Muhammad...
ingkang sampun paring pitedah dumateng kulo panjenengan sedoyo arupi diinul Islam, arupi agami Islam, Mugi2 dalu menika ngantos akhir hayat kulo panjenengan sedoyo tetep netepi agami Islam, lan mbenjang wonten yaumil qiyaamah, kulo panjenengan sedoyo dadoso umatipun Muhammad ingkang angsal syafaatipun kanjeng nabi Muhammad SAW. Amin 2X yaa robbal 'alamin ...

Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, dalu menika Bapak .... kagungan hajat inggih punika, kirim doa dumateng leluhuripun ingkang asma :
1. Almarhum Bapak.....
2. Almarhum Bapak.....
3. Almarhumah Ibu.....
4. ................... lan
5. ...................

Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, dalu menika pembacaan yasin lan tahlil kulo pasrahaken dumateng panjenenganipun Bapak ..... lan mangke dipun tutup do'a kalian panjenenganipun Bapak .....

Monggo pakempalan dalu menika kito mulai kanthi pembukaan ummul qur'an shurotul fatihah...
Bismillahirrohmaanirrohim, ila hadrotin nabi mustofa Muhammad shollallohu 'alaihi wasallam wa'ala alihi wasohbihi wa azwajihi wadhurriyya tihi ajma'in, ALFAATIHAH...

Saklajengipun waosan yasin lan tahlilipun, dumateng panjenenganipun Bapak .... kawulo aturan..

PEMBACAAN YASIN DAN TAHLIL
PEMBACAAN DOA
ISTIRAHAT

Assalamu'alaikum Wr.Wb.

Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, mekaten kolo wau waosan yasin, tahlil, lan doa sampun kolo lan panjenengan lampahi kanthi lancar lan gangsar, Mugi-Mugi, menopo ingkang dados niat lan hajatipun Bapak ...... estu-estu dipun terami kalian Allah SWT. Amin ...

Atas Nami shohibul bait, shohibul hajat, Bapak ..... ngaturaken agunging panuwun atas kerawuhan lan doa kulo panjenengan sami, lan nyuwun ngapunten mbok bilih anggenipun paring panghormatan, pinaraan ugi hidangan mboten nocoki dumateng panjenengan jedoyo.

Kulo piyambak, selaku pranoto acoro, nyuwun pangapunten mbok bilih wonten kirang langkung atur kulo dumateng panjenengan sedoyo.

Akhiru kalam, billahi taufiq wal hidayah, Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Allahumma sholli alaa Muhammad....

----------------------------------

Download :
http://www.ziddu.com/download/9007505/PidatoPembawaAcaraTahlilandalamBahasaJawa.doc.html